Gabriel Batistuta

Gabriel Omar Batistuta (lair 1 Fèbruari 1969), utawi asring dipuncekak Gabriel Batistuta ugi gadhah nama jejuluk Batigol, punika salah satunggalipun juru main bal-balan saking Argentina.[1] Batistuta punika juru main bal ingkang dangu ing klub bal Fiorentina Italia, lan panjenenganipun sampun kaping sedasa pikantuk gelar Top Scorer ing Serie A Liga Italia.[1] Ing tim nasional Argentina Gabriel Batistuta sampun nglebetaken 56 gol saking 78 tetandhingan.[1] Taun 2004, Gabriel Batistuta pikantuk kanugrahan saking FIFA inggih punika mlebet dhaftar "125 Greatest Living Footballers" utawi 125 juru main bal taksih gesang ingkang ageng.[1] Nalika Fiorentina taksih wonten Serie B, Gabriel Batistuta ndhèrèk mbiyantu supados saged minggah dhateng Serie A. Pandemen utawi fans Fiorentina damel patung Gabriel Batistuta ing taun 1996 kanggé ngurmati jasa-jasanipun.[1]Batistuta dèrèng naté pikantuk tropi nalika main ing Fiorentina. Batistuta lajeng pindah dhateng klub A.S. Roma.[1] Ing klub punika, Batistuta saged pikantuk tropi Serie A ing taun 2000.[1] Karier ingkang pungkasan inggih punika main ing klub bal saking Qatar, Al Arabi SC, sadèrèngipun Batistuta pensiun ing taun 2005.[1]

Gabriel Batistuta
Katerangan priangga
Jeneng dawaGabriel Omar Batistuta
Tanggal lair (1969-02-01) 1 Fèbruari 1969 (umur 55)
Papan lairReconquista, Argentina
Dhuwur1.85 m (6 ft 1 in)
Posisi mainStriker
Karir nom
1987–1988Newell's Old Boys
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
1988–1989Newell's Old Boys16(9)
1989–1990River Plate7(5)
1990–1991Boca Juniors29(23)
1991–2000Fiorentina269(168)
2000–2003Roma60(30)
2003→ Internazionale (loan)12(2)
2003–2005Al Arabi21(29)
Gunggung414(246)
Tim nasional
1991–2002Argentina78(56)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi.


Karier Klub

Wiwitanipun

Nalika taksih alit sajatosipun, Batistuta langkung remen kaliyan ulah raga basket, nanging nalika Argentina saged dados juara donya FIFA World Cup ing taun 1978 ndadosaken Batistuta ugi remen main bal-balan. Sasampunipun main bal-balan kaliyan kanca-kancanipun ing margi lan klub bal alit Grupo Alegira, Batistuta lajeng ndhèrèk klub lokal Platense Junior Team. Nalika Platense, Batistuta mlebet seleksi lan lulus mlebet tim Reconquista lan lajeng saged ngalahaken Newell's Old Boys saking Rosario.

Newell's Old Boys

Karier profésional Batistuta dipunwiwiti nalika mlebet klub bal Newell's Old Boys, ingkang pelatihipun Marcelo Bielsa, ingkang salajengipun nglatih Batistuta ing tim nasional Argentina.

River Plate

Ing taun 1989, Batistuta mlebet klub ageng saking Argentina River Plate.

Boca Juniors

Taun 1990, Batistuta gantos dhateng klub Boca Juniors.

Fiorentina

Nalika Batistuta main mbela tim Argentina ing Copa Amérika taun 1991, salah satunggalipun pangageng saking Fiorentina remen remen kaliyan gaya main bal Batistuta. Lajeng Batistuta mlebet tim Fiorentina. Nalika samanten, Batistuta saged mbiyantu Fiorentina saéngga saged mlebet Serie A malih sasampunipun naté mandhap dhateng Serie B.

A.S. Roma

Batistuta mlebet tim A.S. Roma kanthi transfer 70 milyar Lire Italia.[2]

Karier Pungkasan

Batistuta pindah dhateng klub Al-Arabi SC (Qatar) kanthi status bébas transfer.

Kanugrahan

Klub

Fiorentina

  • Serie B: 1993-94
  • Coppa Italia: 1995-96
  • Supercoppa Italiana: 1996

Roma

  • Serie A: 2000-01
  • Supercoppa Italiana: 2001

Tim Nasional

Argentina

  • Copa América: 1991, [[Copa América

1993|1993]]

  • FIFA Confederations Cup: 1992

Individu

  • Copa América Top Scorer: 1991, 1995
  • Serie A Top Scorer: 1995
  • Serie A Foreign Player of the Year: 1998-1999
  • 3rd FIFA World Player of the Year: 1999
  • Qatari League Topscorer: 2004
  • Arab Leagues Golden Shoe: 2004
  • Argentine Player of the Year: 1998
  • Fiorentina all-time Top Scorer
  • Argentina all-time Top Scorer
  • FIFA 100

Cathetan suku

Pranala njawi