Fusarium | |
---|---|
![]() | |
Fusarium verticillioides | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Fungi |
Subkarajan: | Dikarya |
Filum: | Ascomycota |
Subfilum: | Pezizomycotina |
Klas: | Sordariomycetes |
Ordho: | Hypocreales |
Famili: | Nectriaceae |
Génus: | Fusarium |
Fusarium ya iku salah sawijiné génus cendawan kang duwé filamen kang ana in tuwuhan lan lemah.[1]
Genus kasusun saka 20 spésies ing antarané ya iku:[2]
Akeh spésies Fusarium kang bisa nyebabake lelara ing manungsa la tuwuhan amargainfeksi lan mikotoksin kang diasilake.[1]
Golongan Fusarium dicirikake déning struktur awak wujud miselium bercabang, hialin, lan bersekat (septat) kanthi diameter 2-4 µm.[3] Cendawan iki uga duwé struktur fialid kang wujud monofialid utawa polifialid kang wujudé soliter utawa minangka péranganing sisem percabangan kang lengkap.[4] Reproduksi aseksual cendawan iki nggunakaké mikrokonidia kang ana ing konidiospora kang ora ngepang lan makrokonidia kang manggon ana ing konidiospora kang ngepang lan ora ngepang.[4] Makrokonidia diwangun saka fialid, duwé struktur alus sarta wujudé silindris, lan kasusun saka 2 atau luwih sel kang duwé dinding sel kang kandel.[4] Déné mikrokonidia kang diasilake umumekasusun saka 1-3 sel, mentukebunder utawa silinder, lan kasusun saka rantai utawa gumpalan.[4]