Departemen lan teritori seberang laut Prancis

Departemen lan Teoriti seberang lut Perancis utawi wonten ing basa Prancis dipunsebat départements d'outre-mer lan territoires d'outre-mer utawi DOM-TOM) kapérang saking territorial ingkang dipunkelola déning Prancis ing sak njawinipun bawana Éropah. Teritorial ksebut gadhah status kukum lan tingkat otonomi ingkang béda-béda, sanajan ta sedayanipun gadhah wakil ing saben Parlemen Prancis (kejawi teritorial ingkang boten wonten pendhudhukipun), lan hak kanggé milih wonten ing pilihan dhateng Parlemen Éropah. Departemen lan Teritori seberang laut Perancis gadhah teritori pulo ing Samodra Atlantik, Samodra Pasifik, lan Samodra Hindia, satunggaling teritori ing pasisir Amérika Selatan lan saperngan kapuloan periantartik ugi satunggaling klaim ageng wonten ing Antartika. 2.597.318 tiyang duunung wonten ing Departemen lan Teritori Seberang Laut Perancis wonten ing sasi Januari 2008.[1]

Departemen lan teritorial seberang laut Prancis

Saking sudhut paningalan kukum lan administratip, departemen sanget béda saking teritori: miturut konstitusi Prancis, kukum lan reguasi Prancis ing tlatah umum inggih saged dipunlampahaken wontenipun kodhe sipil, kodhe penal, kukum administratip, kukum sosial, kukum pajak, lan sanès-sanèsipun wonten ing deppartemen ugi daratan ingakng wigati. Nanging, kukum lan regulasi spesifik ugi saged dipun-ginakaken wonten ing kaanan ingkang spesifik ugi. Ing wewengkon teritori, prinsipipun ingkang béda: teritori dipunpandhegani déning status otonomi ingkang ngeparengaken kanggé damel kukum piyambak, kejawi ing saperangn sektor spesifik (kados ta pertahnan, gayutan internasional lan mata uang, pengadhilan lan kukum administratip), dpiunsamektakaken wonten ing status otonomi, ingakng dipunparingaken dhateng pamaréntah pusat lan pamilih lokal.Saben teritori wonten ing Prancis ingakng wonten pendhudhukipun, metropolitan utawi seberang laut, dipunwakili ing Majelis Nasional Prancis lan Senat Prancis (ingkang damel Parlemen Prancis). Departemen lan teritorial seberang laut dipunpandhegani déning majelis piliyan loka lan déning Parlemen Prancis lan pamaréntah Prancis (wondene satunggaling anggota kabinèt, Mantri Prancis Sebrang Laut, gadhah tugas kanggé nangani prakawis ingkang gayut kaliyan departemen lan teritori seberang laut).

Maneka warna status konstitusional

Departemen seberang laut lan region seberang laut

  • Guyana Perancis (wiwit 1946)
  • Guadeloupe (wiwit 1946)
  • Martinik (wiwit 1946)
  • Réunion (wiwit 1946)
  • Mayotte (wiwit 2011) 1976-2003: teritori seberang laut sui generis; 2001-2003: kanthi sebutan jajahan departemen; 2003-2011: Jajahan seberang laut. Mayotte tetep nyepeng sebutan khususipun minangka jajahan departemen, ingakng sanès minangka satunggaling status. Wonten ing referendum 2009, rakyat Mayotte milih kanggé dados satunggaling departemen seberang laut wonten ing taun 2011, ingakng lajeng dipunlampahaken wonten ing tanggal 31 Maret 2011.

Jajahan seberang laut

Kategori punika dipunbentuk nalika wonten reformasi konstitusional ing taun 2003. Saben jajahan gadhah kukumipun piymbak.

  • Polinesia Perancis (1946-2003: Teritori seberang laut), wiwit 2003: Jajahan seberang laut. Status énggal ing taun 2004 paring sebutan mirunggan "nagara seberang laut" (Perancis: pays d'outre-mer), nanging Dewan Konstitusional Perancis ngandharakan punika namung satunggaling sebutan, sanès minangka status.
  • Saint Pierre dan Miquelon (1976-1985: Departemen seberang laut, 1985-2003: Teritori seberang laut sui generis), wiwit 2003: Jajahan seberang laut. Saint Pierre lan Miquelon masih dpunsebut collectivité territoriale de Saint-Pierre-et-Miquelon).
  • Wallis dan Futuna (1961-2003: Teritori seberang laut, wiwit 2003: Jajahan seberang laut). Taksih dipunsebut minangka satunggaling territoire (Territoire des îles Wallis et Futuna).
  • Saint Martin-Wonten ing taun 2003, penduduk Saint Martin lan Saint Barthélemy milih medal saking Guadeloupe kanggé damel jajahan seberang laut ingkang kepisah.[2] Tanggal 7 Fèbruari 2007, Parlemen Perancis ngedalaken undhang-undhang ingakng maringaken status COM dhateng Saint Barthélemy lan Saint Martin.[3] Status baru itu baru berlaku pada 22 Fèbruari 2007 ketika hukum tersebut diterbitkan pada Journal Officiel.[4] Wewengkon-wewengkon punika taksih minangka péranganing Uni Éropah, kados déné ingkang kaserat wonten ing Perjanjian Lisboa.[5]

Kitha paling ageng ing Prancis seberang laut

Dipunparingi rangking miturut pendhudhuk ing wewengkon urban:

Cathetan suku