Daniel Mananta

Daniel Mananta (ing MTV biyasa diundang VJ Daniel; lair ing Jakarta, 14 Agustus 1981; umur 42 taun).[1] Daniel Mananta ya iku salah sijiné présènter kang asalé saka Indonésia.[1] Kariré diwiwiti nalika Daniel Mananta dadi VJ ing MTV Indonésia.[1] Daniel Mananta dadi VJ wiwit sasi Mèi 2003.[1] Daniel Mananta iku lulusan saka Univèrsitas Edith Cowan Perth, Australia.[1] Saliyané dadi VJ, Daniel Mananta uga ngembangaké kariré kanthi akting.[1] Daniel Mananta banjur main ing sinétron kang judhulé I Love U Boss.[1] Wong lanang kang nduwé awak atlètis lan sixpack iki duwé awak kang dhuwuré 187 cm.[1]

Daniel Mananta
Lair (1981-08-14) Agustus 14, 1981 (umur 42)
Jakarta, Indonesia
Jeneng liyaVJ Daniel
PakaryanPembawa acara, MTV
Taun aktif2003 - saiki

Kariré sangsaya misuwur nalika Daniel Mananta dadi présènter ing acara Indonesian Idol wiwit mangsa katelu nalika taun 2006 nganti taun 2010.[1] Nalika iku, Daniel Mananta nggentèni présènter Irgy Ahmad Fahrezi.[1] Daniel Mananta seneng karo musik J-Rock lan Jazz.[1] Saliyané iku, Daniel Mananta uga seneng karo kabudayan Jepang, maca komik lan bal-balan.[1] Saliyané iku Daniel Mananta uga tau akting layar amba ing filem kang judhulé "Rumah Dara".[1] Film iki digawé nalika taun 2010. Film iki kang ndadèkaké Daniel Mananta banjur seneng akting.[1] Nalika sasi Fèbruari taun 2007, Daniel Mananta ketemu karo salah siji pimpinan MTV.[1] Prastawa iki kang ndadèkaké Daniel Mananta bisa duwé karir dadi VJ MTV.[1]

Nalika lagi syuting stripping Daniel Mananta nduwé akal kanggo modhifikasi mobile dadi ruwangan kang ora mboseni.[2] Contoné, Daniel Mananta mènèhi TV lan PS supaya nalika lèrèn syuting Daniel Mananta bisa main game saéngga ora bosen.[2]

Kauripan pribadi

Daniel Mananta tau pacaran karo kancané kang padha-padha nduwé karir dadi VJ MTV ya iku VJ Marissa.[1] Nanging gegayutan iki banjur pedhot.[1]

Sinétron

Sinétron kang dibintangi Daniel Mananta.[1]

  • I Love U Boss
  • Antara Cinta dan Dusta
  • Daniel Mananta

Filmografi

Filn kang dibintangi Daniel Mananta.

  • Rumah Dara (2010)

Iklan

  • Honda Vario Z28

Cathetan sikil