Cok Simbara

Ucok Hasyim Batubara utawi langkung misuwur kanthi asma Cok Simbara (miyos ing Tapanuli Kidul, Sumatra Lèr, 12 November 1953) inggih punika salah satunggalipun aktor Indonésia.[1][2] Sejatosipun sampun awit taksih alit Ucok sampun tepang kaliyan jagad akting, salajengipun sasampunipun lulus SMA ing taun 1973 panjenenganipun ndhaftar sekolah ing LPKJ (sapunika Institut Kesenian Jakarta (IKJ)).[1] Namanipun Cok Simbara dados misuwur amargi main filem Kugapai Cintamu ingkang dipunbintangi déning Yenny Rachman, Roy Marten lan Lenny Marlina, filem kasebat nyariyosaken criyos laré enem ingkang kajrumus ganja lan pergaulan bébas.[1] Salajengipun Ucok pikantuk peran ingkang kaping kalih ing filem Para Perintis Kemerdekaan lan Petualang-Petualang.[1]

Cok Simbara
LairUcok Hasyim Batubara
Pakaryanaktor
Taun aktif1977 - sapunika

Kariér

Nalika badhé milemaken criyos saking novèl Ashadi Siregar "Kugapai Cinta-mu" (1976), sutradara Wim Umbuh gadhah pikajeng supados mados aktris ènggal kanggé dados paraga utami Faraitody.[3] Pembantu Sutradara Wim, ingkang namanipun Nurhadi Irawan maringi saran supados Cok Simbara ingkang kapilih, Wim sarujuk kaliyan panyaruwé wau.[3] Kados makaten panjenenganipun miwiti kariéripun minangka bintang filem.[3] Ucok punika mahasiswa Akadhemi Téater LKPJ, anggota Téater Alit Arifin C. Noer, lan naté ndhèrèk ing rombongan Téater Kliling ingkang dipunpandhegani déning Rudolf Puspa.[3]

Cathetan suku

Pranala njawi