Cahaya Mustika

Cahaya Mustika Sari (lair ing Jakarta, 6 Juli 1982; umur 41 taun) ya iku aktris lan presenter Indonésia.[1]Dhèwèké lair ning Jakarta, tanggal 6 Juli taun 1982.[1]Ora namung kondhang dadi aktris lan presenter saka Indonésia, ChaCha uga kondhang amarga dadi gadis sampul ning majalah-majalah Indonésia.[1]

Cahaya Mustika
LairCahaya Mustika Sari
Pakaryanaktris, presenter
Taun aktif2002-sekarang

KARIR

Cha Cha miwiti karir ning donya hiburan Indonésia liwat ajang wajah Femina 2002.[1]Dhèwèké kang sukses olih bebungah lan olih gelarWajah Femina iku akiré gawé para prodhuser lan para insanfilem ning Indonésia, jeneng lan pasuryané kang wiwit dilirik maudadi modal anggoné miwiti karir ning donya filem.[1]Dhèwèké ditawarai kanggo dadi paraga ning filem lan dadi pambawa acara ning televisi.[1]Jebulé dhèwèké duwé kamampuan ning babagan mau, mula tawaran kanggo dhèwèké tambah akèh.[1]

Ning babagan donya akting, Cahaya Mustika tau meranaké paraga dadi pemulung kang jenengé Rosa,sinétron kang dibintangi nalika iku judhulé BUKAN CINTA BIASA, dibintangi bebarengan karo aktor kondhang ning Indonésia Jonathan Frizzy.[2]Disusul sawisé iku, dhèwèké mainaké peran ning sinétron kang judhulé PAPAKU KEREN-KEREN,Ning filem mau dhèwèké meranaké guru ning Sekolah Dasar (SD).[2]

Ora namung iku, wanita kang uga tau dadi paraga ning sinétron kang judhulé PEMBURU HANTU, BINTANG LAUT lan KAWIN KONTRAK iku uga taudadi presenter ulah raga kanggo program Highlight La Liga.[2]

Cathetan suku