Brian Littrell

Brian Thomas Littrell kang kondhang mawa jeneng Brian Littrell iku anggota kelompok musik Backstreet Boys.[1] Brian lair tanggal 20 Fèbruari 1975 ing Lexington, Kentucky, Amérikah Sarékat.[1] Brian gedhé ing Lexington, lan SMA ing Tates Creek sekolah lokal ing kana.[1] Wektu cilik, Brian kerep mèlu acara-acara musik lokal.[1] Brian gabung karo Backstreet Boys amarga saran saka Kevin Richardson, sepupuné.[1] Brian gabung karo BSB taun 1993 wektu umur 18 taun.[1]

Brian Littrell
Littrell in June 2011
Pratélan latar wuri
Jeneng lairBrian Thomas Littrell
Lair (1975-02-20) Fèbruari 20, 1975 (umur 49)
SakaLexington, Kentucky, U.S.
GénrePop, CCM
PakaryanSinger-songwriter
PirantiAcoustic guitar
Mangsa akarya1993–present
LabèlReunion
Jive
Sing magepokanBackstreet Boys
Sana jaringanwww.BrianLittrell.com
Brian Littrell

Biodata Brian Littrell

Jeneng Jangkep:Brian Littrell Thomas
Celukkan:B-Rok, Mr Joker, Seaver, Frick
Tanggap Warsa:20 Fèbruari 1975
Panggonan Lair:Lexington, KY
Panggonan Saiki:Atlanta, Georgia
Dhuwur: 1,70 m, 5 '7 "
Werna Rambut:Soklat, pirang
Werna Mripat:Biru
Kulawarga:Tiyang sepuh: Harold Baker Littrell II dan Jackie, dan Kakangé: Harold Baker Littrell III. Garwané: Leighanne (Wallace) Littrell, Anak: Baylee Thomas Wylee Littrell
Piranti Musik:Trumpèt
Musisi Favorit:Boyz II Men, Shai, Jodeci
Werna favorit:Biru tuwa
Panganan favorit:Makaroni dan Kèju
Hobi:Baskèt, golf, lunga ning biyoskup, nari, nyanyi, renang
Astrologi:Pisces
Bintang Film Favorit:Tom Hanks[2]

Cathetan suku