Bipasha Basu
Bipasha Basu (basa Hindi: बिपाशा बसु , Bengali: বিপাশা বসু; 7 Januari 1979 ), dhèwèké iku aktris Bollywood, saka India.[1] Kariré ing donya hiburan kang nggawé jenengé kondhangiku ora sengaja dijajal liwat donya modhèl dadi pagawéyan tambahané, amarga sabeneré Bipasha kang akrab diundang Bips iki rencanané bakal njupuk pendhidhikan kadhokteran.[1] Pasuryané kang ayu lan postur awaké kang dhuwur njurung kanggo kariré ing donya hiburan.[1]
Bipasha Basu | |
---|---|
![]() Bipasha Basu ing paluncuran èdhisi panutup Filmfare nalika sasi April 2009. | |
Lair | "Why John didn't attend Bips birthday?". Indiaglitz. Dibukak ing 13 June 2011. New Delhi, Delhi, India | 7 Januari 1979
Pakaryan | Film actress, model |
Taun aktif | 2001–saiki |
Bojo | Karan Singh Grover (2016–saiki) |
Pasangan | Dino Morea (1995–2001) John Abraham (2002–2011) |
Sana jaringan | BipashaBasunet.com |
Dhèwèké menangaké kontès supermodhèl Ford Godrej Cinthol nalika taun 1996.[1] Kamenangan iki dadi gerbang anggoné dhèwèké maju lan suksès ing donya modhèl ing umur 17 taun.[1] Bips uga nyoba nyemplung ing donya filem mèluni dhebuté ing "ABBAS MUSTAN'S AJNABEE" kang dibintangi bebarengan karo aktor, Akshay Kumar, Bobby Deol, lan Kareena Kapoor.[1] Film sawisé iku dhèwèké mainaké peran ing filem kang judhulé "TELUGU" lan "RAAZ" ing taun 2002.[1]
Bips olèh bebungah dadi aktris anyaran paling apik ing ajang "Filmfare Awards" liwat filem kang judhulé "RAAZ".[1]
Ora mung iku, Bips uga dadi modhèl vidhéo klip.[1] Bips mbintangi lagu "Sonu Nigam, Tu".[1] Bips uga dadi bintang utama ing vidhéo klip "Stolen" penyanyi Inggris kang lairé ing India, Jay Sean.[1] Ora mung iku, panampilané ing lagu "Beedi", soundtrack filem "OMKARA" nggawé dhèwèké tambah kondhang.[1]
Ayuné Bips kang èksotis nggawé kalawarti Inggris, "Eastern Eye" njuluki dhèwèké dadi artis paling sèksi seAsia ing taun 2005 lan 2007.[1]
Bips iku artis kang ora seneng gonta -ganti pacangan.[1] Sawisé dhèwèké njalin kasih karo Dino Morea, aktor enom anyaran, Bips uga tau duwé gayutan karo aktor gagah, John Abraham, kang tau dadi lawan mainé ing filem.[1][2] Padahal mbiyèné Publik India tepung karo pasangan mau dadi pasangan super amarga gayutané kang suwé.[1][2]