Berang-berang ya iku mamalia semi-akuatik (utawa akuatik, ing sawijining jinisé) mangan iwak. Berang-berang ana pirang-pirang marga anggota anak-suku Lutrinae, kang padha karo jinis sigung (badger), biul, lan pulusan (weasel) kang mbentuk suku Mustelidae. ana telulas spésies sajeroning pitu génus, berang-berang nyebar ing kabèh wewengkon donya kajaba Australasia.[1] Berang-berang racaké mangan kéwan-kéwan akuatik, mligi iwak lan kerang-kerangan, uga kéwan-kéwan invertebrata liyané; nanging uga mangan amfibi, manuk, lan mamalia cilik.
ARKiveArchived 2008-05-09 at the Wayback Machine. Foto lan video berang-berang pasisir (Lutra lutra). sajeroning situs kang padha ana uga foto lan video berang-berang laut cilik (Lontra felina), berang-berang laut (Enhydra lutris), berang-berang wregul (Lutrogale perspicillata) lan berang-berang raksasa (Pteronura brasiliensis).