Baekgimchi

Baekgimchi (백김치) ya iku jinis kimchi utawa sayuran fermentasi kas Koréa kanh digawé saka sayur kol cina.[1] Baekgimchi ateges kimchi putih kang béda karo kimchi racaké amarga digawé tanpa ditambahi bahan saus pedas (gochujang).[1] Bahan-bahan kang minangka nambahi rasa ing baekgimchi ya iku kethokan lombok abang, buah pir kang dikethok tipis-tipis, kacang, lan kethokan lobak banjur difermentasekake nganggo larutan banyu uyah ing jero tempayan kanthi butuhake wektu kang suwé.[1] Baekgimchi cocog kanggo wong kang bisa mangan panganan kang pedhes.[1] Jinis kimchi iki uga misuwur ing Koréa pérangan lor lan biyasa dipangan karo sega putih lan mi.[1][2]Rasa Baek kimchi' kang ènthèng kanthi tèkstur kang renyah ndadèkaké panganan iki cocog kanggo appetizer nalika mangan kang masakan mligi wujud daging kaya déné galbi utawa bulgogi ing rèstoran Koréa. Bisa uga kanggo kulit bungkus tumrap baek kimchi bossam.[3]

baekgimchi

Uga delengen

Cathetan suku

Pranala njaba


 
Kimchi
Baechu Kimchi | Baekgimchi | Bossam Kimchi | Chonggak Kimchi | Dongchimi | Ggakdugi | Nabak Kimchi | Yeolmumul Kimchi

Đ