Bérokan

Bérokan utawa Bandhotan utawa Wedhusan kang duwé jeneng èlmiyah Ageratum conyzoides Linn. minangka sawijining jinis suket sakmangsa sing racaké tuwuh ing ara-ara, galengan nganti pinggir dalan. Tethukulan iki dianggep gulma menawa tuwuh ing tegalan utawa pekarangan. Bérokan iki duwé daya kompetisi sing dhuwur marang tanduran budidaya, bisa tuwuh kanthi wektu kang cepet, lan duwé daya serep dhuwur marang unsur zat hara kang wigati ing lemah.[1] Tuwuhan iki sinebut wedhusan, amarga ngetokaké ambu ora kepénak nalika godhongé alum lan miwiti proses pambosokan. Ing tlatah liyané uga ana aran: dus-bedusan (Madura), babandotan, jukut bau (Sundha), siangit, daun tombak, rumput tahi ayam (Sumatra), lawet, rukut manooé, rukut weru, sopi (Sulawesi). Ing basa manca uga sinebut Goatweed, Billygoat-weed, Whiteweed utawa Chick weed.

Infobox spesiesBérokan
Ageratum conyzoides
Tetuwuhan bérokan
Takson
Masalah Lua ing package.lua larik 80: module 'Modul:Wikidata/labels' not found.
SpesiesAgeratum conyzoides
L.
Distribusi
Endemik Pertaltropical America Pertal
Modifica les dades a Wikidata

Wedharan

Tuwuhan sing asalé saka Amèrikah tropis[2] iki ngrembaka ing mangsa rendheng iki dhuwuré kurang luwih 30-90 sèntimèter, galihé duwe wulu. Godhongé ijo bentuk oval kanthi dawa 1-10 sèntimèter lan amba 0,5-6 sèntimèter. Kembangé majemuk maujud malai werna putih. Pasebaran wit iki akèh-akèhé ing pulo Sumatra, Jawa lan Sulawesi.

Piguna

Masiya asring dianggep gulma, ananging uga ana piguna sing bisa dimupangataké ya kuwi:

  • Kanggo tani organik, tuwuhan iki dimupangataké kanggo pèstisidha alami, godhongé didheplok, dicampur banyu lan disemprotaké ing tanduran. Ancasé bisa menggak ngrembakaning kéwan gegremetan.[3]
  • Kanggo nambani bisul, dheplok godhong nganti lembut banjur diwènèhaké ing kulit kang nandhang bisul. Sakwisé iku tutup nganggo perban. Nalika 1-2 dina bisa dicopot lan bisul bakal cepet garing.[4]
  • Nambani lelara asam urat, lara maag, lan nyegah dhiabétes. Tuwuhan iki ngandhut zat flavonoid, tanin, lan glokosida sakèngga ngrewangi mari lelara kasebut.[5] Nggawé jamuné bisa kanthi nge cor godhong bérokan garing ing banyu umub.
  • Èkstrak tuwuhan iki bisa dadi zat antibaktéri tumrap Staphylococcus aureus lan Escherichia coli.[6]

Èfèk samping

Kanéka déné bisa nambani lelara ananging menawa kerep ngonsumsi rutin ing wektu kang suwé bisa mbebayani awak kaya ta bisa micu tuwuhing tumor ing awak.[7]

Gladri

Kapustakan