Ascomycota

Ascomycota
Sarcoscypha coccinea
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Fungi
Subkarajan:Dikarya
Filum:Ascomycota
(Berk 1857) Caval.-Sm. 1998[1]
Subphyla/Classes
Pezizomycotina [1][4]
Arthoniomycetes
Dothideomycetes
Eurotiomycetes
Laboulbeniomycetes
Lecanoromycetes
Leotiomycetes
Lichinomycetes
Orbiliomycetes
Pezizomycetes
Sordariomycetes
"Unplaced orders"
Lahmiales
Medeolariales
Triblidiales
"Unplaced family"
Geoglossaceae
Saccharomycotina
Saccharomycetes
Taphrinomycotina
Neolectomycetes
Pneumocystidomycetes
Schizosaccharomycetes
Taphrinomycetes

Ascomycota iku salah siji divisi saka jamur (fungi). Ciri-ciriné Ascomycota iku duwé talus kang asalé saka misélium kang ana sekaté.[2] Ascomycota ana kang uripé dadi saproba lan ana kang uripé dadi parasit kang gawé penyakit mara tuwuhan.[2] Cara réprodhuksiné séksual yaiku gawé askospora ing jeroné askus.[2] Cara réprodhuksi kang aséksual iku nganggo spora konidium kang dikasilake ing pucuk konidiofor.[2] Lumrahé askus digawé ing askokarp utawa askoma.[2] Rupané askus iku béda-béda yaiku:

  • askus kang ora duwé askokarp[2]
  • apotesium kang askokarpé rupané kaya mangkok[2]
  • kleistotesium kang askokarpé rupané kaya bal lan ora duwé ostiulum[2]
  • peritesium yaiku askus kang askokarpé rupané kaya botol kang duwé gulu lan duwé ostiulum[2]

Amarga jinis askus iku ana akèh, Ascomycota dibagi dadi telung kelas yaiku:

  • Hemiascomycetes, jamur jinis iki ora duwé askorkap lan ora duwé hifa.[2]
  • Plectomycees, jamur jinis iki duwé askus kang jinisé kleistotesium.[3] Kelompok jamur iki urip dadi saproba, parasit, lan hiperparasit.[3]
  • Pyrenomycetes, jamur iki ciriné yaiku duwé askoma kang rupané mirunggan kang dipirantèni ostiolum(bolongan kanggo ngetokaké askus lan askuspora).[4] Contoné Pyrenomycetes iku Neurospora sitophila kang racaké dinggo kanggo gawé oncom abang saka apas tahu utawa bungkil kacang brol.[4]

Cathetan suku