Antisèptik

Antisèptik utawa germisida yaiku senyawa kimia kang minangka matèni utawa nyegati uripé mikroorganisme ing jaringan kang urip kaya ing lumahing kulit lan membran mukosa.[1][2] Antiseptik béda karo antibiotik lan disinfektan, yaiku antibiotik kang minangka matèni mikroorganisme ing awak, lan disinfektan kang minangka matèni mikroorganisme ing benda mati.[2] Iki disebake antisèptik luwih aman diaplikasikan ing jaringan [awak], tinimbang disinfektan.[3] Panggunaan disinfektan luwih ditujokake marang benda mati, tuladane wastafel utawa méja.[3] Nanging, antisèptik kang kuwat lan bisa ngiritasekake jaringan manawa bisa dialihfungsingake dadi disinfèktan tuladhané yaiku fenol kang bisa digunakaké minangka antisèptik lan disinfektan.[3][4] Panggunan antisèptik direkomendasikake banget etika nalika epidemi lelara amarga bisa gawé suwé panyebaran lelara.[5]

Larutan antisèptik iodin kang dioleskan ing tatu.

Efektivitas

Efektivitas antisèptik nalika matèni mikroorganisme manut marang pirang-pirang faktor, tuladhané konsèntrasi lan suwéné ngandarake.[6]Konsentrasi ngusadani adsorpsi utawa penyerapan komponèn antisèptik.[7] Ing konsèntrasi cendhak, pirang-pirang antisèptik ngalangi fungsi biokimia membran bakteri, nanging ora bakal matèni bakteri mau.[7] Nalika konsèntrasi antisèptik mau dhuwur, komponèn antisèptik bakal menetrasi ing sèl lan ngganggu fungsi normal seluler kanthi amba, kalebu ngalangi biosintesis(gawé) makromolekul lan persipitasi protéin intraseluler lan asem nukleat (DNA utawa RNA).[7] Suwene paparan antisèptik karo akèhé karusakan ing sèl mikroorganisme berbanding lurus.[7]

Jinis-jinis

Mekanisme kerja antisèptik tumrap mikroorganisme béda-béda, tuladhané kanthi ndehidrasi (nggaringake) bakteri, ngoksidasi sèl bakteri, ngkoagulasi (nggumpalake) cuwèran ing kiwa-tengené bakteri, utawa ngracuni sèl bakteri.[4] Pirang-pirang contoh antisèptik ing antarané yaiku hydrogen peroksida, uyah merkuri, boric acid, lan triclosan.[3][4][7]

Hidrogen peroksida

Hidrogen peroksida (H2O2) yaiku agen oksidasi, minangka antisèptik kuwat nanging ora ngiritasi jaringan urip.[3][4] Senyawa iki bisa diaplikasekake minangka antisèptik ing membrane mukosa.[4] Kelemahan saka zat iki yaiku kudu tansah dijaga kondisine amarga zat iki gampang ngalami karusakan nalika kelangan oksigèn.[4]

Uyah merkuri

Senyawa iki yaiku antisèptik kang paling kuwat. Merkuri klorida (HgCl) bisa minangka ngumbah tangan kanthi perbandingan banyu 1:1000.[4]. Senyawa iki bisa matèni kabèh jinis bakteri ing pirang-pirang menit.[4]. Kelemahan saka senyawa iki yaiku kemungkinan besar bisa ngiritasi jaringan amarga daya kerja antimikrobane kang kuwat banget.[4].

Asam Borat

Asam Borat minangka antisèptik lemah, ora ngiritasi jaringan.[4] Zat iki bisa digunakaké kanthi optimum nalika dilarutake ing banyu kanthi perbandingan 1:20.[4]

Triclosan

struktur kimia triclosan

Triclosan yaiku antisèptik kang èfèktif lan misuwur, lumrahé ana ing sabun, obat kemu, deodoran, lan liya-liyané.[7] Triclosan duwé daya antimikroba kanthi spektrum amba (bisa nglawan pirang-pirang macem bakteri) lan duwé sipat toksisitas minim.[7] Mekanisme kerja triclosan yaiku kanthi ngalangi biosintesis lipid mula membran mikroba kelangan kekuwatan lan fungsine.[7]

Uga delengen

Rujukan