Ankylosaurus

?
Ankylosaurus

Ankylosaurus
Klasifikasi Ilmiah
Regnum:Animalia/Sato Kewan
Filum:Chordata
Kelas:Sauropsida
Ordo:Ornithischia
Genus:Ankylosaurus

Fisik

Ankylosaurus iku dinosaurus sing duwé panjagan alami ya iku duwé eri landhep kang gedhé-gedhé. Kéwan kuna-makuno iki duwé sikil cacah papat, sing mburi luwih gedhé, gulune cendhak, duwé cumplung sing amba ning polo kang cilik.Kéwan iki diarani Ankylosaurus déning Barnum Brown taun 1908.

Ukuran

  • Dawa: ± 7.5 nganti 10.7 mèter
  • Amba: ± 1.8 mèter
  • Dhuwur: ± 1.2 mèter
  • Abot: ± 3 nganti 4 ton

Masa Urip

Ankylosaurus iku jinising ankylosaurids kang pungkasan sing gedhé dhéwé. Urip ing akir jaman Cretaseus watara 70 - 65 yuta taun kapungkur. Ankylosaurus lan kabèh dinosaurus kejabamanuk manukan cures ing jaman Cretaceus-Tersier utawa ± 65 yuta taun kapungkur.

Panemon Fosil

Fosil Ankylosaurus tinemu ing Montana (Amérikah Sarékat) sarta ing Alberta (Kanada) ning jejak-jejak kéwan iki ana ing Sukre (Bolivia).

Pirsani Uga