Anggur (woh)

(Kaelih saka Anggur)

Wit anggur iku kalebu jinis woh-wohan non-climacteric (ora usum-usuman). Tuwuh minangka tuwuhan kang tahan urip mataun-taun (perennial) lan wujud wit grumbul kang mrambat (deciduous woody vine), saka génus Vitis.[1] Woh anggur bisa dipangan mentahan utawa digawé jam, jus, jèli, cuka anggur, ombènan anggur lan lenga wiji anggur.[2]Anggur tuwuh nggrombol wiwit 6 nganti 300, lan wernané bisa ireng, biru, emas, ijo, ungu, abang, jambon,coklat, peach (jambon kekuningan), utawa putih.[1] Senajam mangkono, anggur "putih" sajatiné warna ijo, nanging kanthi alon-alon malih rupa sing asalé saka anggur abang.[2] Mutasi saka loro gèn kang temata ngendhegaké produksi anthocyanin, yaiku zat sing marahi rupané anggur dadi abang.[3].

Red Wine grapes
Anggur, abang utawa ijo
Ajiné nutrisi saben 100 g (3.5 oz)
Ènergi288 kJ (69 kkal)
18.1 g
Gula15.48 g
Serat panganan0.9 g
0.16 g
Protéin
0.72 g
Vitamin
Tiamin (B1)
(6%)
0.069 mg
Riboflavin (B2)
(6%)
0.07 mg
Niasin (B3)
(1%)
0.188 mg
Asem pantotènik (B5)
(1%)
0.05 mg
Vitamin B6
(7%)
0.086 mg
Folat (B9)
(1%)
2 μg
Vitamin B12
(0%)
0 μg
Vitamin C
(13%)
10.8 mg
Vitamin K
(21%)
22 μg
Mineral
Kalsium
(1%)
10 mg
Wesi
(3%)
0.36 mg
Magnésium
(2%)
7 mg
Mangan
(3%)
0.071 mg
Fosforus
(3%)
20 mg
Potasium
(4%)
191 mg
Sodhium
(0%)
3.02 mg
Sèng
(1%)
0.07 mg
  • Ékan
  • μg = mikrogram • mg = miligram
  • IU = Ékan internasional
Persèntase sadarma pangira-ira sarana pamrayoga ing AS tumrap wong diwasa.
Sumber: Sasana Dhata Gizi USDA

Habitat

Anggur kalebu tuwuhan kang dimanfaatkè wohè.[4] Anggur wujud tuwuhan perdu kang mrambat. Yèn nandur anggur biyasanè dirambatakè ing anjang-anjang utawa ing wit liyanè.[4] Tuwuhan anggur bisa urip subur ing laladan dhataran cendhèk.[4]

Wit Anggur

Akèh-akèhé anggur asal saka cultivars Vitis vinifera, yaiku wit anggur Éropa sing asalé saka tlatah Mediterranean lan Asia Tengah Minor, dadi tuwuhan anggur jinis kang sumebar ing Amérika land Asia, kaya ta:

  • Vitis labrusca, wit anggur kanggo anggur méja lan anggur jus saka Amérika Lor, kadhangkala kanggo ombènan anggur (wine). Asalé saka Amérika sisih wétan lan Kanada.[4]
  • Vitis riparia, wit anggur alasan saka Amérika Lor, kadhangkala digawé ombènan anggur lan jam. Asalé saka Amérika sisih wétan lan loré Quebec.[4]
  • Vitis rotundifolia, utawa muscadine, digawé ombènan lan jam. Asalé saka Amérika kidul-wétan wiwit Delaware nganti Lempongan Meksiko.[4]
  • Vitis vulpina Anggur beku. Asal saka Amérika Sarékat wiwit saka tlatah tengah-kulon wétané pasisir nganti tekan New York.
  • Vitis amurensis jinis paling wigati saka Asia.[4]

Anggur Sagara Coccoloba uvifera iku sajatiné kaluwargané anggur Buckwheat Polygonaceae lan asalé saka pulo-pulo ing sagara Karibia.[4]

Kebak ing Guna

Anggur bisa dimanfaataké kanggo nggawé produk minuman férméntasi.[4] Asil férméntasi anggur kang nagndhut alkohol lumrahé diarani Wine, anggur uga bisa digaringké dadi kismis lan kanggo indhustri selai lan jeli.[4] Anggur uga bisa dipangan kanggo buah.[4]

Distribusi lan prodhuksi

Palatina, anggur Jerman
Grapevines
Grape production in 2005

Miturut "Food and Agriculture Organization" (FAO), 75,866 km2 lumahing bumi dinggoni tuwuhan anggur.[2] Kira-kira 71% prodhuksi anggur donya digawé ombènan anggur (wine), 27% dadi panganan woh seger, lan 2% digaringaké.[2] Sapérangan prodhuksi anggur dianggo nggawé jus anggur kanggo pemanis woh-wohan kalèng kang tanpa tambahan gula lan "100% alami".[2] Tlatah kebon anggur tansaya tambah kira-kira 2% saben taun.[2]

Tabel ing ngisor iki minangka pratélan prodhusèn anggur kang pinunjul ing donya.:

NagaraAmbané tlatah kebon anggur
Spanyol11.750 km²
Prancis8.640 km²
Italia8.270 km²
Turki8.120 km²
Amérika Sarékat4.150 km²
Iran2.860 km²
Rumania2.480 km²
Portugal2.160 km²
Argentina2.080 km²
Australia1.642 km²
Inggris10,53 km²

Sumber: FAO, Organisation Internationale de la Vigne et du Vin (pdf), Australian Wine and Brandy Corporation Archived 2008-07-22 at the Wayback Machine..

Jinise

Jinise anggur yaiku kaya kang katulis ing ngisor iki.[5]

Deleng uga

  • List of grape varieties
  • Grape and raisin toxicity in dogs

Pranala njaba

Look up grape in Wiktionary, the free dictionary.

Cathetan suku

Deleng Uga Woh-wohan