Andrew Robertson

juru bal-balan Sekotlen

Andrew Henry Robertson utawa Andrew Robertson utawa Andy Robertson yaiku salah sawijining pamain bal-balan aguna saka nagara Sekotlan lan main ing klub Liverpool FC. Andy Robertson lair ing kutha Glasgow, Sekotlan surya kaping 11 wulan Maret taun 1994 (umur 26) lan duwé dhuwur 176 cm. Robertson mapan ing posisi bèg kiwa utawa suwiwi, menganggo nomer geger 26 lan uga migunakaké sikil kiwa kanggo ngoper lan nendhang[3][4]

Andrew Henry Robertson
Katerangan priangga
Jeneng dawaAndrew Henry Robertson[1]
Tanggal lair (1994-03-11) 11 Maret 1994 (umur 30)[2]
Papan lairGlasgow, Sekotlan
Dhuwur5 ft 10 in (1.78 m)[2]
Posisi mainBèg Kiwa
Katerangan klub
Tim saiki
Liverpool
Angka26
Karir nom
00002009Celtic
2009–2012Queens Park
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
2012–2013Queens Park34(2)
2013–2014Dundee United36(3)
2014–2017Hull City99(3)
2017–saikiLiverpool178(7)
Tim nasional
2013–2015Sekotlan U214(0)
2014–saikiSekotlan60(3)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 23:45, 21 Januari 2023 (UTC).

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 23:10, 16 November 2022 (UTC)

Andy Robertson miwiti kariré saka klub Sekotlan yaiku Queens Park sadurungé alihan menyang klub Liga Primèr Sekotlan Dundee United. Sawisé Robertson ngancik umur 20 taun, salah sawijining klub saka Liga Primèr Inggris yaiku Hull City ngontrak dhèwèké amung kanthi rega 3 yuta Poundsterling lan diboyong menyang Inggris. Sawisé Hull City mudhun tingkat menyang Championship Division, Robertson dituku Liverpool FC kanthi rega 8 yuta Poundsterling ing wulan Juli taun 2017. Dhebut sepisané ing Liga Primèr Inggris yaiku anèng tetandhingan kandhang Liverpool FC ing stadhion Anfield lumawan Crystal Palace kanthi asil pungkasan menang 1-0, lan pitung dina candhaké anak Robertson kang nomer siji lair. Robertson dituku Liverpool kanggo nglapis pamain utama yaiku Alberto Moreno kang asring nandhang cidra, nanging malah amarga kridhané kang tumemen Robertson kasil dadi pamain pilihan nomer siji palatih Jürgen Klopp lan gèsèr Alberto Moreno.[5]

Karir

Wiwitan

Priyangga kalairan Glasgow kasebut biyèn naté ngangsu kawruh bal-balan ing klub yunior Celtic, nanging malah diboyong menyang Queens Park déning sawijining pamandhu bakat. Dhebut aguna sepisané dumadi ing taun 2012, kamangka dhèwèké nembe umur 18 taun lan wis kasil main ing 34 tetandhingan ing mangsa 2012-2013, sadurungé alihan menyang Dundee United. Robertson banget rumangsa rahab ing mangsa 2013-2014 ing Tannadice, mainé kang apik nganti diganjar pamain enom kang paling becik kanggo wulan Sèptèmber lan pamain sènior ing wulan Novèmber.[6] Kamangka nalika isih ana Glasgow biyèn, Robertson naté sambat manawa urip ing umur 20-an munggah ora duwé dhuwit ora ana bédané kalawan gelandhangan kang ditulisaké ana akun twitter Robertson. Nanging saiki kahanané wis béda, dhèwèké malah dadi sawijining bèg larang ing jagad bal-balan.

Kanggo nagarané, Robertson sepisan main ing tingkat U21 wulan Oktober 2013 lan Robertson menang sepisan sajroning 15 tetandhingan limang wulan candhaké. Dhèwèké nyumbang limang gol saka 44 tetandhingan ing kabèh kompetisi mangsa 2013-2014, Robertson winisuda minangka pamain paling becik pilihan pamain aguna Sekotlan uga kalebu pamain paling becik Sekotlan ing taun kasebut. Sawisé samangsa main ing Liga Primèr Sekotlen, Robertson alihan menyang "Macan" lan nyathetaké 24 pentasan ing tim utama. Gol kanggo nagara ing tingkat sènior yaiku dumadi ing taun 2014 nalika Sekotlen lumawan Inggris ing tetandhingan kekancan. Robertson kang wis umur 23 ing wulan Maret kasil gawé 115 pentasan kanggo Hull. Dhèwèké dadi rekrutan kapindho Jürgen Klopp ing wulan Juli bareng Mohammed Salah lan Dominic Solanke. Nalika biyèn main kanggo Queens Park, Robertson uga nyambi makarya ing toko swalayan jero Stadhion Hampden.[6]

Liverpool

Andrew Robertson jumedhul saka klub bal-balan amatir dadi kaptèn Sekotlan kang menangi Liga Champions Éropa. Saiki dhèwèké kalebu salah siji bèg kiwa paling apik ing Liga Primèr Inggris, manawa ngélingi jaman biyèné Robertson isih dadi pamain Queens Park ing kutha Glasgow taun 2013. Sawisé rong taun béla Liverpool kang sadurungé dituku saka Hull City, Robertson tansah dimainaké ing tetandhingan Liga Champions lan nuduhaké panampilan kang maremaké lan dadi sawijining pamain kunci kanggo Jürgen Klopp. Pamain kang kaya ora duwé kesel kasebut mèlu nyumbang 13 asis lan kadhapuk minangka kaptèn tim nasionalé. Jalaran panampilané kasebut Robertson diganjar kontrak kang dawa déning Liverpool yaiku nganti taun 2024, lumebu pamain Liga Inggris paling becik 2019, lan pamain Liga Champions paling becik 2019 ditambah manèh juwara Liga Champions Éropa. Andrew Robertson taun 2019 mung absèn main pindho ing Liga Inggris sajroning mangsa 2018-2019 bantu timé mikolèhi 97 poin ing mangsa kasebut.[7]

Robertson Miturut Angka

Panampilan lan gol ing klub, mangsa lan kompetisi
KlubMangsaLigaKajuwaran NasionalPiyala LigaEropaLiyanéGunggung
DivisionMainGolMainGolMainGolMainGolMainGolMainGol
Queens Park2012–13Dhivisi Telu Sekotlan342203040432
Dundee United2013–14Liga Primèr Sekotlan3635230445
Hull City2014–15Liga Primèr Inggris240000000240
2015–16Piyala Liga422205131524
2016–17Liga Primèr Inggris3312040391
Gunggung993409100311155
Liverpool2017–18Liga Primèr Inggris221101060301
2018–19Liga Primèr Inggris3600000120480
2019–20Liga Primèr Inggris28110008140412
Gunggung8622010261401193
Gunggung Karir2551013216126111132115

Pangaji-Aji

Klub

  • Juwara Liga Champions Éropa 2019.[8]
  • Juwara Piyala Super Éropa 2019.[8]
  • Juwara Piyala Donya Antarklub FIFA 2019.[8]
  • Juwara Liga Primèr Inggris 2020.

Rujukan