Alicia Johar

Alicia Djohar kang kondhang kanthi jeneng Itje (lair ing Bogor, Jawa Kulon, 18 Fèbruari 1954; umur 70 taun).[1] Alicia Johar ya iku salah sijiné juru main filem kang asalé saka Indonésia.[1] Alicia Johar iku mantan Ratu Bogor nalika taun 1972.[1] Alicia Johar tau dadi pemeran utama ing filem Gadis Kampus.[1] Ing filem iku, Alicia main bareng karo aktor Widy Santoso dan Junaedi Salat.[1]

Alicia Djohar
Pakaryanaktris
Taun aktif1972-sekarang

Pendhidhikan

Sawisé lulus SMA, Alicia banjur mèlu kursus-kursus ing Singapura.[1] Alicia kursus suwéné rong taun ya iku nalika taun (1974-1975).[1] Sawisé iku ing taun 1976 Alicia nutugake pandhidhikané ing babagan kecantikan.[1] Dhèwèké sekolah ing London.[1]

Karir

Nalika isih SMA, Alicia Johar olèh gelar dadi Ratu Kebaya Bogor (1971) lan Ratu Bogor (1972).[1]Alicia Johar banjur main filem nalika taun 1972, nalika iku Alicia main dadi figuran ing filem Perkawinan kang disutradarani Wim Umboh.[1] Nalika akir taun 1975, Alicia ditawani main filem saka Turino Djunaidy.[1] Alicia dadi pemeran pembantu ing filem kang judhulé Ganasnya Nafsu (1976).[1] Nalika taun 1978 Alicia dipercaya dadi pemeran utama ing filem Dukun Kota saka produksi PT Japos Film.[1]

Alicia Djohar uga aktif mèlu main sinétron.[1] Ora mung dadi juru main sinétron nanging Alicia uga dadi koordinator kaya ta ing sinétron Losmen (1985-1987) produksi TVRI.[1] Saliyané iku, Alicia uga njurung sinétron serial Karmila ing taun (1997).[1] Sinetron iki cacahé 26 episode.[1] Sinetron iki diprodhuksi Avicom Production.[1]Alicia duwé anak kang cacahé telu ya iku Adytho Rumanda, Yesica Harnescia lan Nanditho Djohar.[2]Seminggu sawisé Alicia Johar nikah karo Prof. Dr. H. Tabrani RAB, ana wong wadon kang ngaku dadi bojoné Tabrani.[2] Wong wadon iki jenengé Syirin Saleh.[2]

Filmografi

Film kang dibintangi Alicia Johar.[1]

  • Liku-Liku Panasnya Cinta (1976)
  • Widuri Kekasihku (1976) disutradarai olèh Sophan Sophiaan
  • Tante Sun (1977)
  • Sorga (1977)
  • Cowok Komersil (1977)
  • Bula-Bulu Cendrawasih (1978)
  • Dukun Kota (1978)
  • Gadis Kampus (1979)
  • Perjalanan Cinta (1980)
  • Yang Kembali Bersemi (1980)
  • Senyum Untuk Mama (1980)
  • Ketika Cinta Harus Memilih (1981)
  • Manusia Berilmu Gaib (1981)
  • Oke Boss (1981)
  • IQ Jongkok (1981)
  • Setan Kredit (1981)
  • Apa Ini Apa Itu (1981)
  • Kejamnya Ibu Tiri Tak Sekejam Ibu Kota (1981)
  • Nenek Grondong (1982)
  • Rose Beracun (1983)
  • Mandi Dalam Blethok (1984)
  • Bunga Pramuria (1984)
  • Putri Ular (1984)
  • Yang Masih Di Bawah Umur (1985)
  • Demam Jogèd (1985)
  • Naga Sakti (1986)
  • Baik-Baik Sayang (2011)
  • Rumah Tanpa Jendela (2011)

Sinetron

Sinetron kang dibintangi Alicia Johar.[1]

  • Kecil-Kecil Jadi Manten
  • Jangan Pergi Dariku
  • Miliarder Geser Pager

Cathetan suku