Alex Oxlade-Chamberlain

juru main bal-balan saka Inggris

Alexander Mark David "Alex" Oxlade-Chamberlain (lair ing Portsmouth, Inggris, 15 Agustus 1993; umur 30 taun) ya iku sawijining juru main bal-balan saka bangsa Inggris kang main ing Liga Super Beşiktaş.[2]

Alex Oxlade-Chamberlain
Oxlade-Chamberlain ngawé-awé tangané marang tribun pamirsa
Katerangan priangga
Jeneng dawaAlexander Mark David
Oxlade-Chamberlain[1]
Dhuwur1.80 m (5 ft 11 in)
Posisi mainGlandhang Sayap
Katerangan klub
Tim saiki
Beşiktaş
Angka15
Karir nom
2000–2010Southampton
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
2010–2011Southampton36(9)
2011–2017Arsenal132(9)
2017–2023Liverpool103(11)
2023–saikiBeşiktaş0(0)
Tim nasional
2010Inggris U-181(0)
2011Inggris U-193(0)
2011–2012Inggris U-218(4)
2012–2019Inggris35(7)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 14:23, 1 April 2023 (UTC).


Sawisé nudohaké permainan kang apik ing klub Southampton sesuwéné mangsa 2010–1011, Oxlade-Chamberlain pindhah menyang Arsenal ing wulan Agustus 2011.[2] Oxlade-Chamberlain nyithak rong gol ing telu pertandhingan perdhana lan dadi juru main Inggris paling énom kang nyithak gol ing Liga Champions UEFA lan dadi pilihan utama ing tim nasional Inggris U21. Oxlade-Chamberlain olèh julukan "The Ox", dijupuk saka nama 'Oxlade' kang nuduhaké kekuwatan awaké lan banteré anggoné lumayu.[3]

Ing bursa transfer 2017-2018,[4] Oxlade-Chamberlain pindhah menyang Liverpool F.C lan ésih mbudidaya kanggo nangani permainané kang kurang konsistén.[4]

Rujukan