Aktin

Aktin inggih punika protèin globular kaliyan massa kira-kira 42-kDa kaliyan pintén-pintén mupangat dasaripun, pramila saged dipunwastani protéin sambi (Inggris: moonlighting protéin), kaliyan péran ing salébéting prosès sèlular saking migrasi sel ngantos transpor membran.[1] Aktin dipuntemuakén ing sédaya organismé èukariota, manawi botén kédah wonten 8 jénis protèin ingkang ngandut aktin, dipunsébat actin-related proteins (ARPs). Nanging kathah ARP ingkang asifat sitoskeletal, studi biokimia saha génètika ing pungkasan punika sampun nunjuakén manawi pintén-pintén ARP gadhah fungsi ing salèbéting inti sèl sanèsipun ing salèbéting sitoplasma,[2] kados ta èksprsèi gèn, règulasi faktor transkripsi saha motilitas intra-inti. Aktin inti gadhah peran ing transkripsi kaping tiga Ènzim polimérasé RNA, ing remodelling kromatin saha ing wujudipun kompleks ribonukleoprotein inti, saha ing pencerapan histon.[3]

G-actin (PDB code: 1j6z). ADP and the divalent cation are highlighted.
F-actin; surface representation of 13 subunit repeat based on Ken Holmes' actin filament model

Aktin ugi kagolong stimulan èksprèsi faktor transkripsi mitokondrial p43.[4] Èksprèsi kasébut bakal nginduksi aktivitas mitokondria, saha lintasan mitokondriogenesis, ningkatakén suhu salira saha nurunakén plasma T3.Aktin punika jénisipun protèin globural ingkang gégayutan saha wujud rantai, kalih rantai ingkang membelit wujud heliks, wujud mikrofilamen (filamen aktin) ing otot lan jénis-jénis sèl sanèsipun. [5]Aktin inggih punika protéin ingkang wigatinshsnsken wujud sel lan nglampahi sami-sami kaliyan miosin kanggé ngasilaken obahan sel.[6]

Fungsi Filamen Aktin

Filamen aktin ing sel ingkang boten kagolong sel otot, manawi kedah gadhah kirang langkunge kalih fungsi, ya iku kasusun silang-silang ingkang wujud kerangka sel lan manawi sami-sami kaliyan miosin gadhah fungsi ing sistem kontraktil, pramila tanggel jawab kaliyan obahan sel utawi péranganing sel. Mikrovili ngandut berkas filamen akin, pramila gadhah kabetahan kanggé gerak-gerak.[7]

Fungsi Mikrofilamen

Mikrofilamen utawi Filamen Aktin, filamen aktin manawi dipuntingali kaliyan bantuan mikroskop elektron, filamen aktin kapérang saking pinten-pinten untaian molekul globular ingkang saben-saben gadhah diameter 4 nm. Ing dasaripun Mikrofilamen gadhah fungsi ing pinten-pinten prosès kontraktil sel. Mikroskop electron kaliyan kapasitas inggil saged ningalaken manawi sitoplasma ing kathah sel eukaryotic ngandut kathah filament, kapérang saking untaian molekul protéin. Filamen ugi sagef dipunperang dados tiga kelas ingkang bènten diameteripun, komposisi, lan fungsinipun, jinis ingkang alit, dipunsebat mikrofilamrn, ingkang namung diameteripun kira-kira 5 nm. Ing racaké filament punika wujud jaringan-jaringan lepas ing ngandap membran sel, ing pundi Mikrofilamen sampun ditemuaken asifat sami kaliyan filament aktin ing system kontraktil otot rangka. Mikrofilamen kalibat ing pambentukan tegangan otot. Ing kontraksi otot, ngelipet lan ngerembag membran sel, lan ing parobahan struktur ing salebeting sel.[8]

Cathetan suku