A.C. Milan

Associazione Calcio Milan (dicekak AC Milan utawa Milan waé) ya iku sawijining klub bal-balan utawa bal-balan Italia kang basisé ana ing kutha Milan. Milan main nganggo seragam garis abang-ireng lan clana ireng, saéngga dijuluki rossoneri ("abang-ireng"). Milan dadi tim paling sukses kapindho sajeroning sajarah bal-balan Italia, dadi juara Seri A kaping 18 lan Piala Italia ping lima.

A.C. Milan
logo
Jeneng jangkepAssociazione Calcio Milan
PeparabRossoneri (Abang-Ireng)
Il Diavolo Rosso (Sétan Abang)
Diadegaké16 Dhésèmber 1899
LapanganSan Siro,
Milan, Itali
Kapasitas80.018
KetuaItali Paolo Scaroni
ManajerItali
LigaSerie A
2021-22Serie A, Juara
Seragam kandang
Seragam tandang
Stadhion San Siro Kandhang AC Milan & Inter Milan

Klub iki diadegaké taun 1899 kanthi jeneng Klub Kriket lan Sepak bola Milan (Milan Cricket and Football Club) déning Alfred Edwards, sawijining ekspatriat saka Inggris. Minangka pakurmatan marang asal-usulé, Milan tetep ggunaaké ejaan basa Inggris jeneng kuthané (Milan) tinimbang nganggo ejaan basa Italia Milano.

Stadion lan basis pendukung

Stadion tim wektu iki ya iku Stadion Giuseppe Meazza kang kapasitasé 85.000 pemirsa. Stadion iki juga kaloka kanthi jeneng San Siro. Stadion iki dipigunaaké bebarengan karo Internazionale ("Inter"), klub gedhé liyané ing Milan. Suporter AC Milan nggunakaké "San Siro" kanggo nyebut stadion iku amarga mbiyèné Giuseppe Meazza dadi juru main bintang ing Inter. Nanging, mengkoné, ana wacana kanggo mindahaké homebase Milan menyang stadion anyar, kaya sing diungkapaké déning wakil présidhèn Adriano Galliani ana ing taun 2006.

Miturut sajarah, AC Milan (Ning Italia diarani "Milan" waé) dijurung déning kaum punggawa lan kelas buruh ing Milan (lumrahé para migran saka laladan Italia sisih kidul), déné Inter luwih éntuk panjurung saka wong-wong sugih. Sanajan kaya mangkono, ana ing taun-taun pungkasan, basis pendukungé wis akèh owah-owahan.. Milan saiki diduwèni déning ratu médhia lan mantan Mahamantri Italia, Silvio Berlusconi, déné Inter diduwèni déning pebisnis garis tengah-kiwa, Massimo Moratti. Sanajan ngono, basis pendukung Milan mayoritas duwé haluan pulitik sayap kiwa, sebrang-sebrangan karo Inter kang didominasi déning pendukung kang kanthi tradhisional duwé haluan sayap tengen. Grup pendukung (ultras) kang misuwur saka Milan ya iku Fossa Dei Leoni kang duwé ilèn ekstrim kiri, lan Brigate Rossoneri ilèn ekstrim kanan. Sawisé keributan karo suporter Inter ana ing derby mangsa kompetisi 2005/2006, Fossa Dei Leoni mbubaraké diri kanthi organisasi. Sanajan mangkono, massané isih setia njurung Milan ing tribun mirunggan pérangan kidul stadion San Siro bebarengan karo golongan liya, kanthi sebutan Curva Sud.

Sajarah (1990-an nganti saiki)

Mangsa kejayaan Milan ing era sepakbola modhèren ya iku awal dekade 90-an nalika mendominasi Liga Italia nalika diasuh déning Arrigo Sacchi, lan diterusaké déning Fabio Capello. Puncaké, Milan ngrebut trofi Liga Champions ing taun 1994 ngalahaké Barcelona ing babakfinal. Sakpungkuré Capello (kang nyebrang menyang Spanyol kanggo nglatih Real Madrid), Milan terus mlorot lan lagi bisa ngraih gelar juara Liga Italia ing mangsa kompetisi 1998/1999 nalika diasuh déning pelatih Alberto Zaccheroni. Amarga surut gelar, Zaccheroni nuli diganti déning mantan juru main Milan, Carlo Ancelotti. Ancelotti kasil nggawa Milan ngraih gelar juara Liga Champions ing mangsa 2002/2003 nalika ngalahaké Juventus liwat drama adu pinalti ing Manchester, Inggris. Milan ngraih gelar prestisus pungkasan kanthi ngrebut juara Liga Italia ing mangsa kompetisi 2003/2004 sisan ndadèkaké penyerang Andriy Shevchenko minangka pencetak gol paling akèh ing Liga Italia.

Jawara UEFA Liga Champions mangsa taun 2002–03

Ana ing mangsa kompetisi Liga Italia Seri A 2006/2007, Milan kesangkut skandal calciopoli kang ndadèkaké klub iku kudu wiwit kompetisi kanthi pengurangan 8 poin. Sanajan mangkono, publik Italia tetep bangga amarga ing tengah rusaké citra bal-balan Italia akibat calciopoli, Milan kasil njuarai kompetisi sepakbola kang paling gengsi sadonya, Liga Champions. Prestasi mau direngkuh sawisé Milan naklukaké Liverpool 2-1 liwat loro gol-é Filippo Inzaghi. Gelar iku nuntasaké dendam Milan kang kalah nalika adu penalti karo Liverpool rong taun sadurungé. Gelar pencetak gol paling akèh disabet déning juru main jenius Milan, Kaká kanthi 10 gol. Ana ing pertengahan mangsa, Milan ngundang mantan juru main paling apik sadonya, Ronaldo saka Real Madrid kanggo nguataké armada penyerang sawisé penyerang anom Marco Borriello diukum amarga konangan nganggo doping. Sawisé mangsa kompetisi 2006/2007 bubar, santer dikabaraké yèn Milan bakal kélangan Kaká kang diburu déning Real Madrid. Trequartista asal Brasil iki pancèn wis dadi buronané Madrid kang wis suwé péngin nuku. Madrid nawaraké dhuwit 80 yuta euro utawa setara karo 980 miliar rupiah kanggo transfer Kaká. Kaká ditawari gaji resik 12 juta euro per mangsa, sarta 100% kasil dodolan "merchandise"é. Gaji iki nilainé lipat 2,5 saka gajiné ing Milan. Yèn Kaká nampa tawaran Madrid mau, dhèwèké bakal dadi pebola paling larang sepanjang jaman, ngluwihi rekor Zinedine Zidane kang mung 47 yuta euro. Bapak sisan agen Kaká, Bosco Leite uga sempat mabur menyang Madrid kanggo rundinganmasalah Kaká. Milan mesthi waé ora setuju nglepasaké kanthi rega pira waé. Madrid sidané nyerah. Amarga kasetiaané mau, Milan janji bakal ngunggahaké gaji Kaká.

Pemain kondhang

 

Skuad mangsa 2014/2015

Catatan: Data ing ngisor iki bener nganti 26 Agustus 2014.[1]

Kiper
1 Michael Agazzi
23 Diego López
32 Christian Abbiati
59 Gabriel
Bèg
20 Ignazio Abate
27 Pablo Armero (silihan saka Udinese)
14 Michelangelo Albertazzi
25 Daniele Bonera
33 Alex
2 Mattia De Sciglio
5 Philippe Mexès
13 Adil Rami
81 Cristian Zaccardo
17 Cristián Zapata
Glandhang
24 Bryan Cristante
34 Nigel de Jong
15 Michael Essien
34 Riccardo Montolivo (kapten)[2]
4 Sulley Muntari
16 Andrea Poli
8 Riccardo Saponara
Penyerang
92 Stephan El Shaarawy
11 Giampaolo Pazzini
10 Keisuke Honda
19 M'Baye Niang
7 Jérémy Ménez
98 Hachim Mastour
Pelatih
Filippo Inzaghi

Prestasi

  • Seri A: 19
    • 1901, 1906, 1907, 1950-51, 1954-55, 1956-57, 1958-59, 1961-62, 1967-68, 1978-79, 1987-88, 1991-92, 1992-93, 1993-94, 1995-96, 1998-99, 2003-2004, 2010-11, 2021-2022
  • Piala/Liga Champions: 7
    • 1962-63, 1968-69, 1988-89, 1989-90, 1993-94, 2002-03, 2006-07
  • Piala Italia: 5
    • 1966-67, 1971-72, 1972-73, 1976-77. 2002-03
  • Piala Super Italia: 7
    • 1988, 1992, 1993, 1994, 2004, 2011, 2016
  • Piala Interkontinental: 3
    • 1969, 1989, 1990
  • Piala Super Éropah: 5
    • 1989, 1990, 1994, 2003, 2007
  • Piala Winners: 2
    • 1967-68, 1972-73
  • Piala Latin (Piala kang paling wigati kanggoné klub-klub Éropah ana ing taun 40-an lan 50-an. Diselenggarakan wiwit 1949 nganti 1957 antara juara-juara Prancis, Italia, Portugal lan Spanyol. Kejuaraan iki ilang sawisé dimulai Piala Champions.)
    • 1951, 1956
  • Piala Mitropa
    • 1981/82

Babak Final

  • Piala/Liga Champions
    • 1957/58, 1992/93, 1994/95, 2004/5, 2006/7
  • Piala Winners
    • 1973/74
  • Piala Interkontinental
    • 1963, 1993, 1994, 2003
  • Piala Super Éropah
    • 1973, 1993
  • Piala Latin
    • 1953
  • Piala Italia
    • 1941/42, 1967/68, 1970/71, 1974/75, 1984/85, 1989/90, 1997/98

Pratélan Présidhèn AC Milan

  • 1899-1909 Alfred Edwards
  • 1909-1909 Giannino Camperio (regent)
  • 1909-1928 Piero Pirelli
  • 1928-1930 Luigi Ravasco
  • 1930-1933 Mario Bernazzoli
  • 1933-1935 Luigi Ravasco (komisi mirunggan)
  • 1935-1936 Pietro Annoni
  • 1936-1936 Annoni, Lorenzini dan Valdameri (majelis regent)
  • 1936-1939 Emilio Colombo
  • 1939-1940 Achille Invernizzi
  • 1940-1944 Umberto Trabattoni (komisi mirunggan)
  • 1944-1945 Toni Busini
  • 1945-1954 Umberto Trabattoni
  • 1954-1963 Andrea Rizzoli
  • 1963-1965 Felice Riva
  • 1965-1966 Federico Sordillo (regent)
  • 1966-1967 Luigi Carraro
  • 1967-1971 Franco Carraro
  • 1971-1972 Federico Sordillo
  • 1972-1975 Albino Buticchi
  • 1975-1976 Bruno Pardi
  • 1976-1977 Vittorio Duina
  • 1977-1980 Felice Colombo
  • 1980-1982 Gaetano Morazzoni
  • 1982-1986 Giuseppe Farina
  • 1986-1986 Rosario Lo Verde
  • 1986-2004 Silvio Berlusconi
  • 2004-2006 lowong (pelaksana harian diserahkan kepada wakil présidhèn Adriano Galliani)
  • 2006-2017 Silvio Berlusconi
  • 2017-2018 Li Yonghong
  • 2018- Paolo Scaroni

Rujukan

Pranala njaba


Liga Italia Seri A 2014/2015
Atalanta | Cagliari | Cesena | Chievo | Empoli | Fiorentina | Genoa | Inter Milan | Juventus | Lazio
| A.C. Milan | Napoli | Palermo | Parma | A.S. Roma | Sampdoria | Sassuolo | Torino | Udinese | Verona
Anggota G-14

Ajax | Arsenal | FC Barcelona | Bayer Leverkusen | Bayern Munich

Borussia Dortmund | PSV Eindhoven | Internazionale | Juventus

Liverpool | Manchester United | AC Milan | Lyon | Marseille

Paris Saint-Germain | FC Porto | Real Madrid | Valencia