2014
Milénium: | Milénium ping 3 |
---|---|
Abad: |
|
Dasawarsa: | |
Taun: |
Prastawa
Januari
- 1 Januari – Lètlan kanthi resmi nganggo Euro minangka valutané lan dadi anggota kaping 18 Zona Euro.[1]
Fèbruari
- Fèbruari–lumangsung – Épidemi virus Ebola ing Afrika Kulon wiwit, lan nginfèksi punjul 21.000 jiwa saha matèni sakurang-kurangé 8.000 jiwa. Prastawa iki ya iku kang parah dhéwé bab cacahé wong kang kena infèksi lan kurban jiwa.[2][3]
- 7 Fèbruari-Olimpiade Mangsa Atis kaping XXII ing Sochi, Ruslan diwiwiti.[4][5]
- 13 Fèbruari – Bèlgi dadi nagara kapisan kang marengaké para pasièn kang lara tèrminal olèh nglakoni eutanasia sarta ora ana wates umuré.[6]
- 22 Fèbruari – Parlemèn Ukraina mutusaké kanggo nyopot Présidèn kapilih Viktor Yanukovych lan ngganti awaké karo Oleksandr Turchynov, sawisé gègèran lan horeg ngakibataké kurban jiwa 100 wong tiwas ing Kiev. Yanukovych nganggep iki sawijining kudéta.[7][8]
- 26 Fèbruari– lumangsung – Gègèr pro-Ruslan ing Ukraina marakaké Kriméa digabungaké marang Ruslan déning Fédérasi Ruslan lan sawijining pambalélan ing oblast-oblast Donyetsk lan Lugansk.
Maret
- 5 Maret – Nicolás Maduro, Présidèn Venezuela, medhot gayutan diplomatik lan pulitik Panama, accusing Panama of being involved in a conspiracy against the Venezuelan government.[9]
- 8 Maret – Malaysia Airlines Pamaburan 370, sawijining montor mabur Boeing 777 kang manuju Beijing saka Kuala Lumpur, ngilang sadhuwuring Teluk Thailand mawa 239 wong sajeroning pesawat. Dipastèkaké montor mabur iki tiba ing Samodra India.[10]
- 16 Maret – Réferèndum ngenani status Kriméa dianakaké.[11]
- 21 Maret – Ruslan resmi integrasi karo Kriméa sawusé Présidèn Vladimir Putin napakastani undhang-undhang mungkasi prosès panggabungan.[12]
- 24 Maret – Sajeroning patemon darurat, Britania Raya, Amérika Sarékat, Italia, Jerman, Prancis, Jepang, lan Kanadha nangguhaké kanggotané Ruslan saka G8.[13]
- 27 Maret – Sidhang Umum PBB nampa Résolusi 68/262, ngakoni manawa Kriméa iku péranganing Ukraina lan nganggep Réferèndum Kriméa 2014 ora absah.[14]
- 31 Maret – Mahkamah Internasional PBB nandhesaké manawa program pamburonan iwak paus Jepang ing Antarktika iku ora ngèlmiah nanging komersial. Mulané idin sapanjuré ora diwènèhaké manèh.[15][16]
April
- 10 April – Nanggepi Krisis Kriméa 2014, Déwan Majlis Parlemèn Éropa (Parlementiary Assembly of the Council of Europe utawa PACE) nampa résolusi kang mbedhal kanthi sementara haké mènèhi swara Ruslan; hak diwakili ing Kantor Majlis, Komité Presidentil PACE lan Panitya Kerja PACE sarta hak mèlu partisipasi ing misi-misi pangawasan Pemilu.[17]
- 14 April – Kurang luwih 276 kenya lan wong wadon enom diculik lan disandera saka sawijining sekolah ing Nigéria.[18]
- 16 April – Féri Koréa Kidul MV Sewo nggoling lan kelelep sawisé kargoné pindhah enggon, lan niwasaké 304 jiwa, akèhé bocah-bocah sekolah SMA.[19]
- 27 April – Gréja Katulik kanthi bebarengan nganonisasi Paus Yohanes XXIII lan Yohanes Paulus II.[20]
- 28 April – Sanksi ékonomi Présidèn AS Barack Obama kang anyar marang Ruslan wiwit dilakoni. Sing dituju ya iku perusahaan lan wong-wong kang cedhak karo Présidèn Ruslan Vladimir Putin.[21]
Mèi
- 5 Mèi
- 20 Mèi – Téroris ing Nigéria njlebugaké bom ing Jos lan matèni 118 jiwa.
- 22 Mèi – Angkatan Dharat Karajan Thai nggulingaké papréntahan sementara Niwatthamrong Boonsongpaisan sawisé gagal mungkasi masalah krisis pulitik Thailand.[24][25]
Juni
- 5 Juni– lumangsung – Kelompok militan Sunni kang diarani Nagara Islam ing Irak lan Syam (uga ditepungi minangka ISIS utawa ISIL) miwiti ofènsif ngrebut Irak lor. Doné iku mbedhah kutha krajan Irak, Bagdad lan nggulingaké papréntahan Singah kang dibawahi Nayakotama Nouri al-Maliki.[26]
- 12 Juni &ndash Kajawaran Bal-balan FIFA 2014 dianakaké ing Brazil.
- 19 Juni – Raja Juan Carlos I saka Spanyol lèngsèr kaprabon supaya putrané Felipe VI bisa jumeneng dadi ratu.
Juli
- 8 Juli–26 Agustus – Ing atarané kategangan antara Israèl lan Hamas sawisé kasus panyulikan telung bocah Israèl lan rajapati bocah Palèstina, Israèl nglakoni operasi Operation Protective Edge lan nyerang Lurung Gaza nganggo rudal-rudal. Bubar iku banjur Israèl nindakaké operasi dharat. Sajeroning 7 minggu, 2.100 Wong Palèstina lan and 71 Wong Israèl tiwas.
- 13 Juli-Jerman menangaké Piala Donya ing Brazil, ngalahaké Argentina 1-0.
- 17 Juli
- Sawisé gencatan sanjata limang jam déné perikamanungsan, Israèl konfirmasi bakal ngayahi ofènsif dharat ing Lurung Gaza.[27]
- Malaysia Airlines Pamaburan 17, sawijining Boeing 777, tiba ing Ukraina sisih wétan, kamungkinan amarga kena rudal. Panumpangé lan awak kapal kang cacahé 298 jiwa tiwas kabèh.[28]
- 21 Juli – Déwan Kamanan PBB nampa Résolusi 2166 ngenani olèhé MH 17 ditémbak lan tiba.[29]
- 24 Juli – Air Algérie Pamaburan 5017 tiba ing Mali, niwasaké 116 jiwa sajeroning montor mabur.[30]
Agustus
- 7 Agustus pamimpin Khmer Abang Nuon Chea lan Khieu Samphan didakwa salah nglakoni kadurjanan marang kamanungsan, banjur divonis kukuman saumuré urip déning Mahkamah Khmer Abang.[31]
- 8 Agustus – Angkatan Udara AS miwiti serangan udara ing Irak lor kanggo mbendhung para militan ISIS.
September
- 22 September – Amérika Sarékat lan sawatara mitra Arab miwiti serangan udara ing Suriah.[32][33]
- 26 September – Pasemon. Sajagad Para Pamenang Bebungah Nobel Bedhamèn ing taun 2014 (World Summit of Nobel Peace Laureates), kang arep dianakaké ing Cape Town saka tanggal 13 nganti 15 Oktober, dipenggak déné boikoté para pamenang. Amerga pamaréntah Afrika Kidul wis ping telu nulak panyuwunan visa Dalai Lama kaping 14 déning Pamaréntah Afrika Kidul kang "nuruti karepé Républik Rakyat China".[34][34][35][36]
Oktober
- 19 Oktober – Gréja Katulik Roma mbéatifikasi Paus Paulus VI.[37]
- 31 Oktober – Présidèn Burkina Faso Blaise Compaoré medhun sawisé ana gègèran amarga dhèwèké péngin njabel wates kalungguhan présidèn.[38]
November
- 2 November – Intergovernmental Panel on Climate Change (IPCC utawa Panèl antarpamaréntah ngenani Pangowahan Iklim) ngrilis pérangan pungkasan Laporan Assessment Kaping Lima, lan ngélikaké manawa donya ngadhepi "karusakan parah, pervasif lan ora bisa dibalèkaké" Saka émisi global CO2.[39]
- 12 November – Wahana antariksa Philae saka Pesawat antariksa Rosetta bisa suksès ndharat ing Komit 67P. Prekara lagi sapisan kadadéan manawa ana wahana antariksa bisa ndharat sadhuwuring komit.[40]
Dhésèmber
- 17 Dhésèmber – Présidèn AS Barack Obama ngandaraké normalisasi gayutan diplomatik antara AS lan Kuba.[41]
- 28 Dhésèmber – Indonésia AirAsia Pamaburan 8501 saka Surabaya, Indonésia menyang Singapura tiba ing Sagara Jawa sakidul-kuloné Kalimantan, niwasaké kabèh wong kang cacahé ana 162 jiwa sajeroning montor mabur.[42]
Lair
- 20 Fèbruari-Leonore, Adipati Gotland
- 10 Dhésèmber
- Gabriella, Graaf saka Carladès
- Jacques, Putra Makutha Monako
Pati
Januari
- 5 Januari – Eusébio, juru main bal-balan Portugis (lair 1942)
- 7 Januari – Run Run Shaw, prodhuser filem Hong Kong lan pangusaha (lair 1907)
- Januari 9
- 10 Januari – Zbigniew Messner, Nayakotama kaping 9 Républik Rakyat Polen (lair 1929)
- Januari 11
- Ariel Sharon, Nayakotama Israèl kaping 11 (lair 1928)
- Vugar Gashimov, juru main catur grandmaster Azerbaijan (lair 1986)
- 14 Januari – Mae Young, juru main gulat profèsional (lair 1923)
- 15 Januari
- 16 Januari – Hiroo Onoda, perwira Angkatan Dharat Jepang (lair 1922)
- 20 Januari – Claudio Abbado, dirigèn Italia (lair 1933)
- 23 Januari – Riz Ortolani, panulis musik filem Italia (lair 1926)
- 25 Januari – Gyula Sax, grandmaster catur Honggari (lair 1951)
- 26 Januari – José Emilio Pacheco, pujangga Mèksiko (lair 1939)
- 27 Januari – Pete Seeger, penyanyi, penulis lagi, musikus lan aktivis Amérika Sarékat (lair 1919)
- 31 Januari – Miklós Jancsó, sutradara Honggarin (lair 1921)
Fèbruari
- 1 Fèbruari
- 2 Fèbruari – Philip Seymour Hoffman, aktor Amérika Sarékat (lair 1967)
Maret
April
Mèi
Juni
Juli
Agustus
September
- 3 September-Rere Gocing, penyanyi dangdut Jawa Kulon, kacilakan motor (lair 1991)
Oktober
November
Dhésèmber
Réferènsi
🔥 Top keywords: Wikipédia:PendhapaPitulungPallywoodMahasiswaWikipédiat4yfpMirunggan:Golèktu4kjNaraguna:Altair Netraphim/bak wedhi3Perang Donya IIWikipédia:Sélakan umumSepongSurat Adh DhuhaPitulung:IsiMirunggan:Owahan anyarSinarmas GroupSurat Al QadrPanggulawenthahGapuraAksara CarakanWikipédia:SesambunganSurat As SajdahWikipédia:BabGapura:PaguyubanMinal 'Aidin wal-FaizinFacebookSekseWikipédia basa JawaCumbanaWikipédia:Pronunciation respelling keyꦄꦏ꧀ꦱꦫꦕꦫꦏꦤ꧀NgrokokJavaScriptWikipédia:Sugeng rawuhRéboisasiCumbana payudaraKategori:215WisnuNaraguna:Bebasnama