Surat Asy-Syura (basa Arab:الشورى) iku surat angka 42 sajeroning al-Qur'an. Surat iki kagolong surat makkiyah, dumadi saka 53 ayat. Dijenengaké Asy-Syura kang tegesé Musyawarah dijupuk saka tembung Syuura kang ana ing ayat 38 surat iki. Sajeroning ayat mau dipasang salah siji dhasar-dhasar papréntahan Islam yaiku musyawarah. Surat iki kadhang kala karan uga Ha Mim 'Ain Sin Qaf amarga diwiwiti kanthi aksara hijaiyah iku.
Dalil-dalil ngenani Allah Sing Maha Tunggal kanthi njlèntrèhaké kadadéan langit lan bumi, udan, kapal kang lelayaran ing sagara kanthi aman lan sapanunggalané
Allah maringi rezki marang manungsa hamba-Né kanthi ukuran tinamtu miturut kemaslahatan lan miturut hikmah lan ngèlmu-Né.
Allah maringi anak lanang dln wadon marang sapa waé kang dikarepaké, utawa ora maringi putra babar pisan
Cara-cara Allah ngandharaké kalam marang manungsa
Pokok-pokok agama kang diasta para rasul iku padha.
Hukum
Ora ana dhasar kanggo nuntut wong kang mbéla dhiri.