Perang Karbala iku perang kang kadadéan ing tanggal 10 Muharram, taun angka 61 saka pananggalan Islam (9 utawa 10 Oktober680)[2][3] ing Karbala, kang saiki dumunung ana ing tlatah Irak. Perang iki kadadéan antarané kulawarga putuné Muhammad, Husain bin Ali mungsuh wadya kang dikirim déning Yazid bin Muawiyah, Khalifah Bani Umayyah wektu iku.
Saka klompoké Husain iku saka kulawarga cedhaké Muhammad, kurang luwih ana 128 cacahé. Ing kono ana wong wadon lan ana uga bocah cilik. Lan mungsuhé Husain iku cacahé kurang luwih ana 4.000 nganti 30.000[1] prajurit kang dipanggedhèni déning Umar bin Sa'ad.
Perang iki banjur dipèngeti suwéné 10 dina ing sasi Muharram déning MuslimSingah. Acara iki uga dilakoni déning kaum Sunni, ing kono pèngetan kang paling ramé ing tanggal 10 dina Asyura.[4]
Saben taun tanggal 20 November, Arbaeen Walk dieling-eling. Ing Irak, udakara 14 nganti 40 yuta wong saka negara liya sing lumaku-lumaku.[5][6]
Pratélan kang syahid saka Kulawarga Husainbesut sumber