Lemper
- Artikel
- Parembugan
![]() | Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |
![]() Lemper | |
Panggonan asal | Indonésia |
---|---|
Tlatah utawa praja | Indonésia |
![]() ![]() |
Lemper inggih punika dhedhaharan ingkang dipundamel saking ketan ingkang salebetipun dipunisi abon (saged abon pitik utawi abon sapi) ingkang limrahipun dipunbungkus ngagem ujungan pisang. Lemper punika wujudipun silinder. Sajinis lemper ingkang dipunblebet nganggé tigan ayam kasebat "semar mendem". Wonten jinis sanèsipun inggih punika ingkang namanipun lalampa asal saking tlatah Manado, wangunipun kados déné lemper nanging dipunbakar rumiyin.
Jinis sanès ingkang mèmper lemper inggih punika lemang ingkang masakipun dipunlebetaken bumbung pring lajeng dipunbakar. Bakcang, satunggiling masakan Cinten ugi mèmper.