Armijn Pane
- Artikel
- Parembugan
Armijn Pane | |
---|---|
![]() Armijn Pane | |
Lair | (1908-08-18)18 Agustus 1908![]() |
Pati | Fèbruari 16, 1970(1970-02-16) (umur 61)![]() |
Bangsa | ![]() |
Obahan sastra | Pujangga Baru |
Karya gedhé | Belenggu |
![]() | Artikel iki ditulis nganggo basa krama. |
Armijn Pane, (18 Agustus 1908, Muara Sipongi, Tapanuli Selatan, Sumatera Utara - 16 Fèbruari 1970, Jakarta), punika satunggiling penulis ingkang kondhang mliginipun wonten ing kalawarti majalah Pujangga Baru. Sesarengan kaliyan Sutan Takdir Alisjahbana lan Amir Hamzah, Armijn Pane saged mgempalaken para penulis lan pendukung sanèsipun saking sadaya penjuru Hindia Walanda kanggé miwiti satunggaling perobahan modernisme sastra. Sanèsipun nyerat puisi lan novèl, Armijn Pane ugi nyerat kritik sastra. Serat-seratanipun ingkang kapacak ing kalawarti Pujangga Baru, mliginipun ing edisi-edisi wiwitan nedahaken wawasan ingkang wiyar. Tinimbang kontributor sanèsipun ing wekdal punika, kados ta Sutan Takdir Alisjahbana lan sadhèrèk jaleripun, Sanusi Pane, kasagedan nimbang langkung adil lan boten patos kénging prabawa suasana perobahan nasionalisme mliginipun wonten ing periode pungkasan Pujangga Baru ingkang politis lan dikotomis.
Salah satunggal karya sastranipun ingkang paling kondhang inggih punika novèl Belenggu.